SUMILIRING ANGIN PADESAN
                                                                                    Dening: Wulan Susanti

Trecep – trecep krasa adhem rumesep ing ragaku
Angin midit nambahi rasa
Swara ocehing manuk
Jago-jago padha kluruk
Sesautan

Semburat warna abang saka sisih wetan
Mratandhani sang bagaskara wis wancine ngaton
Mesem sumringah mapag tekaning dina

Ayem...
Tan ana kang nggunem
Katrem ing tentrem
Ora keguh ing ombyaking jaman
Kang mubal dening hardaning napsu setan
Napsune manungsa
Napsu angkara
Tan kena diendheg ing mangsa