Scene 1 (bayi lair)

Narator : Ing sawijining dinten

Kosalya : Aaaaa.... aduuhh larane gustii... duh gusti pengeran ... larane... aaaa (mbengok kelaran)

Dayang : sabar ndoro sekedhik maleh ndoro.... atur ambekane ndoro

Kosalya : Aaaaaaa (jebrul bayine metu) (diiringi backsound bayi nangis)

Dayang : Ndoro ... bayine mpun lair ndoro... lan bayine iki jaler ndoro

Kosalya : (ambek ngosngosan) ing wayah mben... bayi iki bakal kondhang (karo semangat lan meteges) bayi iki bakal kondhang kanggo jeneng... "Rama"

Scene 2 (Rama tresna marang sinta)

Narator : 20 tahun kepungkur
Narator : Ing sawijining dinten rama kalian adhine yaiku lesmana mlampah mlampah ing taman kang celak saking kerajaan.

Lesmana : wiwit dhisik kita isih bocah, taman niki pancen katon asri lan endah... tandurane katon ijo lan kembang kembangane maneka warna... ndadekake sopo wae sing mrene kroso krasan.

Rama : iyo, aku yo rumongso mengkono (ambek nguwasi gadis ing taman kang katon sumringah nyawangi kembang kembangan).
Rama : lesmana adhikku, kowe enggal o balik menyang istana, aku koyok krungu suarane ibu nyeluk jenengmu (mbujuki lesmana supaya bisa marani si gadis mau)

Lesmana : lho nggih ta ? Yen ngono kula tak enggal enggal marani(karo mlayu marang istana)

(Intine ngrayu)
Rama : duh cah ayu, opo sing kowe lakoni ing kene ?
sinta : aku lagi nyawangi kembang ing kene.. kowe iki sopo to ?
Rama : aku rama lan kowe sopo ?
Sinta : aku sinta
Rama : sinta , opo sing nggawe kowe iki seneng nyawangi kembang kembang iki ?
Sinta : amarga kembang kembang iki seger yen disawang
Rama : tapi onok maneh sing luwih seger disawang ketimbang kembang iki
Sinta : opo kuwi ?
Rama : yo esemmu kuwi sing katon seger yen tak sawang

Scene 3  (rama urip ing alas lan sinta diculik)

Narator : Ing sawijining dinten... raja dasarata sampun tua lan tahtae kuwi badhe diwenehake marang rama. Nanging dasarata iling yen dheweke tau ngikrarake janji kang nyebut yen barata sing bakal ngantekake posisine dadi raja... mula rama, lesmana, lan shinta diasingake marang alas... sawijining dinten ing alas ...

Shinta : kakanda.. aku rumangsa luwe
Rama : oo yen ngono aku tak budhal golek panganan... lesmana kowe ndek kene wae jogoen shinta..

Narator : sakwise meh 1 jam shinta rumangsa khawatir marang rama... mula shinta ngutus lesmana kanggo nggoleki rama

Shinta : lesmana, kakangmu kok suwe temen... aku rumangsa khuwatir tolong susulen lan golekono

Lesmana : oh inggih (lan langsung ngalih nggoleki rama)

Narator : sakwise iku.. ora sengojo rahwana lan 2 prajurite liwat ing panggone sinta ... amarga kasengsem karo ayune sinta rahwana ngutus prajurite kanggo nyulik sinta

Rahwana : prajurit sawangen ing nisore wit randu iku ono wong wadon kang ayu... gowoen mrene !

Prajurit 2 2nya : inggih prabu

(Sinta diculik karo prajurit mau lan digowo menyang ngalengka)

Scene 4 (wibisana di culik dening rama)

Narator : sawise rama oleh tambahan bolo... ing ngalengka uga kedaden perpecahan..

Wibisana : gusti rahwana... kula nggadah kabar yen pasukane rama bidhal dhateng meriki kanggo marani dewi shinta... kula nyaranake supaya dewi shinta dibalekake wae.

Rahwana : oo... yen koyo ngono pasukan ngalengka yo bakal siap siap !

Wibisana : gusti... pasukane rama niku jumlahe kathah sanget opo yakin bakal iso nglawan ?

Rahwana : pasukan ngalengka iki pancen kondhang karo kakendhelane lan ora wedi sopo sopo kalebu pasukane rama

Wibisana : tapiii....

Rahwana : ora ana tapi tapi... yen pancen kowe wedi ... ngaliho tekan kene... aku yo wes ora butuh anane kowe ing istanaku iki !

Narator : wibisana diusir lan metu nemoni rama

Wibisana : (ambek ngos ngos an) gusti rama...

Rama : loh kowe iki kan wibisana penasehate rahwana... ono opo kok ing kene ??

Lesmana : kang ati ati... iki mesthi tipudayane wibisana kanggo nglawan pasukane awak dewe

Rama : sik... rungokno wae penjelasane

Wibisana : kula diusur saking istana dening prabu rahwana amarga nasehat kula mboten dirungokake ...
Scene 5 (rama ngewangi sugriwa nglawan subali)

Narator : Rama kang wes ngerti yen shinta diculik rahwana enggal enggal budhal menyang ngalengka sesarengan karo bala kethek. Lan ing tengah dalan ngliwati kerajaane sugriwa lan subali...

Lesmana : oo iki ta kratone sugriwa karo subali...

Rama : opo perlu kene mampir kanggo ngaso sedilut

Lesmana : iyo kang, aku yo wes kesel kabeh

Narator : akhire rama lan pasukane arep mampir menyang kerajaane subali kanggo ngaso... nanging sakdurunge mlebu menyang kraton... rombongane rama ndelok sugriwa diusir saka kraton...

Rama : lho, koncoku sugriwa, ono opo iki ?

Sugriwa : adhikku subali ngianati aku... aku sing sakdurunge dadi raja, saiki diganteni dening adhikku subali...

Lesmana : lho iki ora bener... kowe kudu balik dadi raja maneh...

Rama : yen pancen mengkono, aku kudu ngomong karo subali.

Narator : akhire sugriwa ngeterno rama menyang subali

Rama : subali, opo iki maksude kenopo kok kowe ngianati sugriwa ?

Subali : iki kratonku ! Kowe gaiso ngatur aku rama ! metuo !! Yen pancen kowe ora gelem metu ... prajuritku bakal tak titahake kanggo mateni awakmu !!

Rama : yen pancen ngono... ayo kene perang !! Bala kethek serangg

(Gelut)
Narator : Akhire rama menang ing pertarungan iki... lan sugriwa balik dadi raja ing kratone

Sugriwa : matur suwun rama... kanggo balasbudiku ... aku aln pasukanku bakal ngewangi kowe gawe nyelametake shinta saka rahwana..

Rama : matur suwun sugriwa... saiki ayo kene ndang budhal

Scene 6 (wibisana diusir dening rahwana) (abis ditambahi)

Narator : sawise rama oleh tambahan bolo... ing ngalengka uga kedaden perpecahan..

Wibisana : gusti rahwana... kula nggadah kabar yen pasukane rama bidhal dhateng meriki kanggo marani dewi shinta... kula nyaranake supaya dewi shinta dibalekake wae.

Rahwana : oo... yen koyo ngono pasukan ngalengka yo bakal siap siap !

Indrajit : inggih kang... kula uga setuju yen pasukan ngalengka kudu cepak cepak pisan... kula percoyo yen pasukan ngalengka iso ngalahake pasukane rama

Wibisana : tapi gusti... pasukane rama niku jumlahe kathah sanget opo yakin bakal iso nglawan ?

Rahwana : pasukan ngalengka iki wis kondhang karo kakendhelane lan ora wedi sopo sopo kalebu pasukane rama

Indrajit : inggih... yen kita mbalekake shinta... mengko dipikir kita iki ora wani...

Wibisana : tapiii....

Rahwana : ora ana tapi tapi... yen pancen kowe wedi ... ngaliho tekan kene... aku yo wes ora butuh anane kowe ing istanaku iki !

Narator : wibisana diusir lan metu nemoni rama

Wibisana : (ambek ngos ngos an) gusti rama...

Rama : loh kowe iki kan wibisana penasehate rahwana... ono opo kok ing kene ??

Lesmana : kang ati ati... iki mesthi tipudayane wibisana kanggo nglawan pasukane awak dewe

Rama : sik... rungokno wae penjelasane

Wibisana : kula diusur saking istana dening prabu rahwana amarga nasehat kula mboten dirungokake ...

Scene 7 (perange rama nglawan rahwana)

Narator : sawise wibisana melu dadi pasukane rama... rama lan pasukane mlebu menyang wilayah kekuasaane rahwana lan ngumpul ibg ngarep kraton e...

Rama : rahwanaa 3x !!! Metuo !!!

Narator : rahwana lan pasukane metu ngliwati gerbange kraton

Rama : balekake shinta utowo aku bakal ngajurake kratonmu iki

Rahwana : ngajurake ?? Haha ... ora bakal takbalekno dewi shinta... lan kratonku iki ora bakal ajur... pasukanmu sing bakal ajur !!

Rama : yen pancen kowe ora gelem mbalekake shinta ... aku bakal gaee kekerasan... majuuuu  !!

Rahwana : majuuu !!!
(sring sring sring tang teng tong ting aaaa ting aa ting aaa)

Narator : akhire rama menang lan iso nemoni dewi shinta...


Rama balik menyang istana lan ketemu ibune yaiku kosalya .... uripe dadi kaya biyen maneh